Cerita Fabel Bahasa Jawa, Teks Dongeng Fabel dalam Bahasa Jawa Singkat dan Lucu Buat Belajar

- 29 Oktober 2023, 20:26 WIB
Cerita Fabel Bahasa Jawa, Teks Dongeng Fabel dalam Bahasa Jawa Singkat dan Lucu Buat Belajar
Cerita Fabel Bahasa Jawa, Teks Dongeng Fabel dalam Bahasa Jawa Singkat dan Lucu Buat Belajar /Pexels.com /pixabay/

Baca Juga: TEKS BERITA dalam Bahasa Jawa Terbaru Singkat Padat dan Jelas Kalimat Pawarta yang Mengandung Unsur 5W+1H

Tangane wis nyekeli sikile kancil. “Wis, Cil. Saiki kowe wis ora isa ucul seka aku. Aku arep nguntal awakmu. Ha ha ha ha ha…”.

Baya gedhe mau wis arep nyaplok awake kancil sing katon kuru mau. Kancil ndredheg, meh semaput.

Ning dhasar kancil, nek kepepet kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik. “Sabar… sabar… sabar….pak baya… sabar”.

Kancil wiwit muter mikire. “Aku iki jan jane diutus karo Kanjeng Nabi Sulaiman. Kanjeng nabi arep maringi rejeki marang kaum baya kabeh.

Baca Juga: CONTOH Naskah Ketoprak Bahasa Jawa Singkat, Padat dan Jelas Berisi Dialog 6 Orang Kisah Roro Jonggrang

Lha aku terus diutus kon kudu ngetung ana pira baya sing ana neng kali iki”, kancil crita karo ngatur ambegan ben ora ketok ndredheg arep diuntal baya.

Sak durunge baya mikir dawa kancil nerusake critane. “Ning ndilalahe mripatku wingi lara ora isa ndeleng meneh.

Delengen mripatku iki. Abang mbranang tur mbrebes mili banyune. Iki merga mripatku lara.

Aku ora bisa ndelok kowe kabeh, dadine aku ora isa ngetung siji siji kowe karo kancamu”.

Halaman:

Editor: Sugiharto


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah