Kelincine katon bagas waras nandhakake dheweke wareg. “Lho, Cil, ana apa kowe kok katon lemes”, kelinci ngaruh-aruhi kancil.
“Apa durung mangan kowe Cil”, kelinci nerusake takon. Kancil sing nyauri karo rada nesu, “ Wis ketok lemes kaya ngene kok malah ditakoni wis mangan apa durung. Ngece kowe!!”. Kelinci kaget.
Dheweke ora ngira yen jawabane kancil malah dadi nesu. Kelinci tetep sabar. “Iki mesthi ana apa-apa”, batine kelinci.
“Aku njaluk ngapura ya Cil, yen aku ana salah. Aku ora ngerti nek kowe saiki lagi ana masalah.
Mbok crita karo aku, sapa ngerti aku bisa nulungi”, kelinci ngomong alus karo nyedhaki kancil.
“Oooohhh dadi ngono to critane”, kelinci lagi ngerti masalahe kancil sak wise dicritani kahanane.
“Eh, ngerti opo ora, desa sebrang kali kae saiki lagi panen timun. Aku ngerti dhewe pas pak tani nyabrang numpak prau.
Pak tani nyangking timun gedhe-gedhe tur katon seger-seger”, kelinci nerangake apa sing bar didelok.