Erick : “Maudy....”
Maudy : “Hmmm...”
Erick : “awakmu opo.o ? diceluki kok gak ngreken ngunu.”
Maudy : “Gak popo, biasa ae.”
Amarga bingung ambek sikape Maudy. Erick nakokake masalah kuwi marang Naura.
Erick : “Naura, aku oleh takon a ?”
Naura : “Iyo, takon opo ?”
Erick : “Koro-kiro Maudy iku opo.o yo ? akhir-akhir iki sikape aneh nang aku. ”
Naura : “Mungkin gara-gara awakmu nglakokno hal sing nggarai areke mangkel utowo opo ngono, aku kan nggak begitu eroh.”
Erick : “Koyok.e se sak elengku aku nggak nglakokno hal sing nggarai areke mangkel.”