Thalita : “Dy, yokpo lek ojo gandengan tangan terus?”
Maudy : “Uwes tak cobak ngeculno tha, tapi tetep ae areke gak gelem ngeculno.”
Thalita : “Yo nggawe alasan njupuk ngombe tah yokpo ngono cek iso ngeculno.”
Akhire Maudy ngeculake tangane Erick.
Erick : “Lho, opo.o kok diculno ?”
Maudy : “Gak popo o kok.”
Erick : “Yoweslah gak popo lek ancen awakmu kepingine ngono.”
Film wes entek, bocah-bocah kumaeng podo mulih.
Babak 4
Isuk.e, kayak biasane. Murid-murid pada pelajaran. Ing sela-selane pelajaran, guru mbagikake hasil try out. Sawise ndeleng hasil try out, Maudy kaget amarga nilaine Erick mudun. Maudypun mboten ngreken Erick.