RJ : Iyo biyung emban ora popo! Sak tenane aku kuwi yo penasaran kaya apa ta Ksatria Pengging Bandung Bondo Woso iku? Apa biyung presa lan ngerti?
Emban 1 : Yoo mesthii no Gusti…jaman sak iki niku sarwo canggih gusti, enten mbah Google, Path, Ig, Twitter, Facebook lan sak penunggale.
Emban 2 : Walaahhhh.. Yen Jarene Kang Paijan…
Emban 1 : Kang Paijan maneh,,,nduwe pacar tukang gawe cikrak wae bangga
Emban 2 : Ya ben, penting khalal ora entok soko nyleding opo maneh nyepik. Timbang sampean Jomblo opo kurang laku yu?
Emban 1 : Wooooooooooo bocah ediiaan,, tak tapuk sandal tenan kowe mengkjo
RJ : Kang paijan mu dhawuh nopo emban?
Emban 2 : Kang paijan dhawuh yen Bandung Bondo Woso iku Ganteng lan gagah prakoso Gusti, Jomblo pisan koyo Sule ngoten niko lo Gusti
RJ : Masio giantheng koyo tuntheng, dheweke wis njalari Bapa ku Sedha biyung, Aku ra sudi , Amet Amet