CONTOH Cerita Dongeng Fabel Bahasa Jawa Singkat Kancil dan Baya, Teks Cerita Kewan untuk Tugas Sekolah

- 13 Agustus 2022, 18:23 WIB
CONTOH Cerita Dongeng Fabel Bahasa Jawa Singkat Kancil dan Baya, Teks Cerita Kewan untuk Tugas Sekolah
CONTOH Cerita Dongeng Fabel Bahasa Jawa Singkat Kancil dan Baya, Teks Cerita Kewan untuk Tugas Sekolah /Sumarsi/Buku Tematik Kemendikbud Revisi 2018

“Tur ijo-ijo meling-meling”, kelinci nambahi ujare. Krungu critane kelinci kancil dadi kemecer. Wetenge dadi saya muni kemrucuk. Idune dadi ngeces.

“Timune gedhe tur seger-seger?”, ujar kancil.

“Ya wis aku tak mara rana…!”, kancil mlayu nggenjrit karo mbengok nganti lali ora pamitan karo kelinci. Kancil meneng.

Ngadeg kaya patung. Ora obah babar pisan sak tekane pinggir kali ana ing pinggir desa. Dheweke nganti lali yen kali bates desa iki kali gedhe sing akeh bayane.

Baca Juga: TEKS Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan Singkat, Contoh Cerpen Bahasa Jawa dan Unsur Intrinsiknya Lengkap

Saking luwene critane kelinci ora dipikir akeh. Saiki dheweke saya bingung. Arep nyegur kali mesthi dicokot baya.

Tur dhasare kancil ora isa nglangi. Arep melu prahu mesthi ora entuk mergane kancil wis kondhang tukang nyolongi timune pak tani.

Arep liwat kerteg gedhe kudu mlaku ndhisik telung dina telung wengi. Kancil saya bingung. Munine weteng saya sero. “Krucuk… krucuk… krucuk….”.

Ora let suwe mripate abang mbranang mbrebes mili. Iluhe netes. Nangis. Ora sadhar, merga disurung karo kahanan wetenge, kancil mlaku maju.

Sikile mlebu kali sithik mbaka sithik. “Whoooooaaaaahhhh”. Dumadakan baya gedhe wis ana ing ngarep kancil.

Halaman:

Editor: Sugiharto


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah