CONTOH Cerita Dongeng Fabel Bahasa Jawa Singkat Kancil dan Baya, Teks Cerita Kewan untuk Tugas Sekolah

- 13 Agustus 2022, 18:23 WIB
CONTOH Cerita Dongeng Fabel Bahasa Jawa Singkat Kancil dan Baya, Teks Cerita Kewan untuk Tugas Sekolah
CONTOH Cerita Dongeng Fabel Bahasa Jawa Singkat Kancil dan Baya, Teks Cerita Kewan untuk Tugas Sekolah /Sumarsi/Buku Tematik Kemendikbud Revisi 2018

Ana ing sawijining dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir kali. Dheweke lagi susah mergane wetenge krasa luwe.

Wis wiwit wingi kancil ora kelebon panganan babar pisan. Lho kok bisa kancil ora mangan wiwit wingi? Critane kaya ngene iki.

Desane kancil saiki lagi ana pagebluk. Timun-timun sing ditanduri pak tani padha cmati gabug.

Kumangka ngerti dhewe ta, timun kuwi rak panganane kancil to. Wong sak desa uga padha gumun, kok bisa tanduran timune padha mati gabug senajan ora ungsum ketiga.

Baca Juga: PANGGAH dalam Bahasa Jawa Artinya Apa? Simak Artinya Panggah dalam Bahasa Indonesia

Udan tetep mudhun seka langit. Kali pinggir desa yo ora asat, malah luwih akeh seka adate.

“Wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus”, ugeme kancil karo ngelus elus wetenge sing katon cilik merga ora ana isine.

“Woh-wohan semene akehe kok yo ming timun thok sing gabug. Sial.. jan tenan siale”, batine kancil saya mangkel atine.

Pas mlaku ana ing cedhak wit randhu sing nggo tetenger desa kuwi kancil ketemu karo kelinci.

Baca Juga: Inilah Tuladha Pawarta Bahasa Jawa yang Mengandung Unsur 5W 1H Singkat Tentang Lingkungan Sekitar

Halaman:

Editor: Sugiharto


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah