Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin.
Zat gizi lan zat liyane kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan.
Baca Juga: KUMPULAN CONTOH Soal Teks Eksplanasi Kelas 11 Essay dan Pilihan Ganda Full Pembahasan Buat Latihan
Carane ngramu:
Kanggo ngatasi wasir mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir banyu mateng lan 2 sendok madu.
Eri lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora ana erine kasebut dikumbah resik lan diparut.
Sawise iku disoki banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata ,banjur disaring.
Olehe ngombe ramuan iki sedina kaping telu. Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram lidah buaya lan 40 cc madu.
Sawise dikumbah resik lan diilangi erine,gel lodah buaya dicampur karo madu. Olehe ngombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore.