Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu.
Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu.
Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa. .Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan.
Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan muntah getih.
Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba sembelit utawa angel bebuwang.
Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane.
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya.
Khasiat utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel.