Contoh Khutbah Idul Fitri 2021 dalam Bahasa Jawa saat Perayaan Idul Fitri 1442 H Sedih dan Menyentuh Hati

- 8 Mei 2021, 23:20 WIB
Ilustrasi khutbah Idul Fitri.
Ilustrasi khutbah Idul Fitri. /Umsplash/HardimanHardiman

Sebab, maghfiroh saking Allah merupakan pembelajaran dateng tiyang mukmin supados ugi paring pangapunten dumateng mukmin lintunipun.

Menawi Allah meniko Dzat ingkang moho paring pangapunten, sampun sak mestinipun menawi kito ugi saget paring pangapunten dateng sedereksederek kito sesami ummat Muslim.

Paring pangapunten berarti ugi paring kalonggaran utawi kalodhangan dateng sinten kemawon ingkang mbetahaken bantuan saking kito.

Kanthi paring pambiyantu dateng tiyang sanes ingkang mbetahaken bantuan, berarti ugi kito paring bantuan dateng badan kito piyambak.

Kados ingkang sampun dipun ngendikaaken dening Rasulullah SAW:

من نفس عن مؤمن كربة من كرب الدنيا ، نفس الله عنه كربة من كرب يوم القيامة ، ومن يسّر على معسر ، يسّر الله عليه في الدنيا والآخرة

Sopo wonge paring bantuan marang wong mukmin ngentasake kesusahane ing ngalam dunyo, mongko Allah bakal ngentaske deweke seko kangelane wong mau ing dino kiyamat.

Lan sopo wonge ngenthengake kerupekane wong liyo, mongko Alloh ugo bakal ngenthengake urusane deweke ing dunyo lan akhirat.

Dhawuhipun Rasululloh menika negesaken dateng kito sedoyo, bilih sampun sak mestinipun antawisipun sesami tiyang Islam kedah saling dukung mendukung, lan saling bantu membantu ingdalem babakan kesahenan.

Sahe meniko masalah ingkang magayutan kalian urusan dunyo ugi ingkang magayutan kaliyan urusan akhirat.

Halaman:

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah