Contoh Khutbah Idul Fitri 2021 dalam Bahasa Jawa saat Perayaan Idul Fitri 1442 H Sedih dan Menyentuh Hati

- 8 Mei 2021, 23:20 WIB
Ilustrasi khutbah Idul Fitri.
Ilustrasi khutbah Idul Fitri. /Umsplash/HardimanHardiman

Baca Juga: Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa Menyentuh Hati Sepanjang Masa: Hikmah Saklebetipun Ampunan Allah

Setengah saking kekhususanipun injih meniko Allah badhe paring pangapuro dumaten tiang ingkang purun nindakaken siyam ramadhan kanthi ikhlas lillahi ta’ala.

Allah njanjekaken badhe ngumbah sedoyo dosa kulo lan panjenengan sedoyo kanthi toyo maghfiroh.

Nuli Allah paring rizki awujud resikipun manah lan kanthi ngedalaken raos bungah wonten ing dinten riyoyo idul fitri.

Wonten ing kitab al-Ittihaf dipun jelasaken bilih setuhune dino idul fitri iku dino kumpule kawulane Allah ingkang podo iman.

Lan iku dadi isyarah maring akehe kawulane Allah kang podo oleh maghfirah. Dipun jelasaken ugi bilih dinten riyadin dipun wastani idul fitri keranten wonten ing dinten meniko Allah sampun maringi fadholdumateng sedoyo kawulo mukmin bi fadhlil maufurutawi kelawan kautamaan ingkang sampurno.

Keranten meniko monggo sesarengan, sedoyo nikmat ingkang sampun kito tampi wonten dinten riyadin meniko, monggo tansah kito syukuri kanthi ngathahaken takbir lan tahmid kados dawuhipun kanjeng rasul (Zayyinu A’yadakum bit Takbiir). “Podo paesono riyoyo idul fitrimu kanthi ngekehake takbir, ngegungake Allah ta’ala.”

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyakaken Allah

Maghfiroh ingkang sampun kito tampi dereng saget sampurno menawi kito dereng paring pangapunten dumateng sesami kito.

Halaman:

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah