Khutbah Jumat Bulan Rajab Singkat, 19 Februari 2021 Terbaru Bahasa Jawa : Keutamaan Bulan Rajab 1442 H

- 19 Februari 2021, 06:05 WIB
Khutbah Jumat Bulan Rajab Singkat, 19 Februari 2021 Terbaru Bahasa Jawa : Keutamaan Bulan Rajab 1442 H
Khutbah Jumat Bulan Rajab Singkat, 19 Februari 2021 Terbaru Bahasa Jawa : Keutamaan Bulan Rajab 1442 H /Pixabay/Goldbug/

Wulan Rojab ugi dipun sebat al-ashobb (الأصب) engkang artosipun kemesok utawi ngucur. Amergi saking deresipun tetesan kesaenan wonten wulan Rojab meniko.

Baca Juga: Kemenag Siapkan Naskah Khutbah Jumat untuk Perkaya Khazanah, Bukan Paranoid

Rojab saget ugi dipun kenal kathi sebutan al-‘Ashomm (الأصم) maknonipun tuli utawi budeg. Kranten mboten dipun pireng suwanten senjata pasukan perang wonten wulan Rojab.

Julukan lintu kagem Rojab enggih puniko ar-Rojm (الرجم) yakni mbalang. Dipun sebat kados mekaten jalaran musuh tuwin syetan-syetan wonten wulan meniko sami dipun kutuk tuwin dipun

rajam utawi disawat hinggo mboten saget damel piloro dateng poro wali soho tiyang-tiyang solih.

Alloh nyebataken Rojab dados salah setunggalipun wulan harom ateges wulang engkang dipun mulyaaken.

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

“Temen, wilangane wulan menggahipun Alloh iku rolas (12) wulan, wonten ketetapanipun Alloh waktu nyiptaake langit lan bumi. Sebagian ono papat wulan harom”. (QS. At-Taubah:36

Wulan harom enggih meniko sekawan wulan mulyo saklintunipun Romadhon. Enggih meniko Dzulqo’dah, Dzulhijjah, Muharrom soho Rojab. Dipun sebat “wulan harom” kranten:

Wonten wulan-wulan meniko umat islam dipun larang perang, kejawi menwi musuh milai perang rumiyen.
Harom ipun nindaaken maksiat wonten wulan-wulan meniko langkung ageng dosonipun dipun bandingaken wonten wulan lintunipun.
Ma’asyirol muslimin, hafidho kumulloh…

Halaman:

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah