Khutbah Jumat Bulan Rajab Singkat dalam Bahasa Jawa: Keistimewaan dan Amalan dalam Bulan Rajab 1442 H

- 19 Februari 2021, 05:05 WIB
Khutbah Jumat Bulan Rajab Singkat dalam Bahasa Jawa: Keistimewaan dan Amalan dalam Bulan Rajab 1442 H
Khutbah Jumat Bulan Rajab Singkat dalam Bahasa Jawa: Keistimewaan dan Amalan dalam Bulan Rajab 1442 H /Pixabay/Sharanong

“Wus teko berita marang aku, yen temen dungo iku dikabulne ono ing limang malem: malem Jum’at, malem riyoyo kurban, malem riyoyo fitri, malem seji Rojab, lan malem nishfu Sya’ban (malem 15 Sya’ban)”.

Ma’asyirol muslimin, hafidho kumulloh…

Wulan Rojab meniko wulan istimewa. Wonten kitab I‘anatut Thalibin dipun jelasaken bilih Rojab meniko musytaq saking tarjiib (الترجيب) engkang maksudipun ngagungaken utawi mulyaaken. Masyarakat arab zaman rumiyen mulyaaken wulan Rojab ngungkuli wulan-wulan lintunipun.

Wulan Rojab ugi dipun sebat al-ashobb (الأصب) engkang artosipun kemesok utawi ngucur. Amergi saking deresipun tetesan kesaenan wonten wulan Rojab meniko.

Baca Juga: Kemenag Siapkan Naskah Khutbah Jumat untuk Perkaya Khazanah, Bukan Paranoid

Rojab saget ugi dipun kenal kathi sebutan al-‘Ashomm (الأصم) maknonipun tuli utawi budeg. Kranten mboten dipun pireng suwanten senjata pasukan perang wonten wulan Rojab.

Julukan lintu kagem Rojab enggih puniko ar-Rojm (الرجم) yakni mbalang. Dipun sebat kados mekaten jalaran musuh tuwin syetan-syetan wonten wulan meniko sami dipun kutuk tuwin dipun

rajam utawi disawat hinggo mboten saget damel piloro dateng poro wali soho tiyang-tiyang solih.

Alloh nyebataken Rojab dados salah setunggalipun wulan harom ateges wulang engkang dipun mulyaaken.

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

Halaman:

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib

Sumber: NU Ponorogo


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah