DOWNLOAD PDF Teks Khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1445 H/2024 Bahasa Jawa Singkat Padat Jelas Paling Sedih

9 April 2024, 03:45 WIB
Teks Khutbah Idul Fitri 1 Syawal 1445 H/2024 Bahasa Jawa /pexels,com

Portal Kudus - Lebaran Idul Fitri 2024 atau 1 Syawwal 1445 H tinggal sebentar lagi, terhitung tinggal menghitung hari perayaan kemenangan segera dijumpai.

Semarak persiapan mulai disusun sedemikian baiknya, untuk bisa merayakan dan menyambut hari kemenangan dengan gembira hati.

Mulai dari persiapan makanan khas lebaran, menyajikan kue lebaran, baju baru lebaran, THR lebaran sampai pada persiapan ibadah dibentuk dengan baik.

Baca Juga: 2 CONTOH Ceramah Halal Bihalal Idul Fitri 2024, Download PDF Teks Pidato Singkat Halal Bihalal 1445 H

Seperti ibadah yang dilakukan di masjid yaitu mulai dari sholat Jumat berjamaah dan sholat Idul Fitri, dimana khutbah menjadi salah satu hal penting yang dipersiapkan.

Diawali dengan tema khutbah sederhana dan menyentuh hati, sampai ke tema yang gembira bahkan membuat sedih.

Berikut adalah teks khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa singkat padat jelas terbaru 2024.

KHUTBAH PERTAMA

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan ingkang bahagia meniko monggo sareng-sareng ningkataken takwallah.

Baca Juga: LIRIK Takbiran Idul Fitri 2024 Lengkap Latin dengan Artinya dalam Tulisan Arab Versi Panjang dan Pendek

Keranten ingkang saget abadi ing akhirat, mboten enten ingkang saget manfaati kejobo takwa lan amal sholeh.

Pramilo, monggo kito ambudi-doyo supados ningkataken takwa dumateng Allah SWT. Kelawan ngelampahi sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo ingkang dilarang Allah SWT.

Hadirin jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Enjing meniko, kito kumpul wonten panggenan ingkang kebak barokah, sak perlu nyambut rawuhipun wulan Syawal.

Kito sampun lilo ninggal wulan Ramadhan.

Wulan ingkang mulyo, wulan kebecikan, wulan kebak barokah, wulan taubat, lan wulan ketaatan ugi amal shalih sampun nilar kito sedoyo.

Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan taubat, monggo kito sami netepi taubat. Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan ketaan, monggi kito sami netepi taan.

Baca Juga: KUMPULAN Teks Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri 2024 Terbaru untuk Acara Keluarga atau Reuni Sekolah

Sak sampun upun kito pisah kalian wulan Al QUr’an, monggo kito sami netepi maos Al Qur’an.

Sak sampun ipun pisa kalian wulan tarawih, monggo kito sami nindaaken shalat-shalat sunnah. Sak sampun ipun pisah kalian wulan poso, monggo kito tetep ngelaksanakaan poso-poso sunnah.

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Dinten meniko termasuk dinten ingkang agung sanget, dinten riyadin ingkang mulyo. Wonten hadist dipun sebataken bilih wonten salah setunggal dinten riyadin Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh:

لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدٌ وَهذَا عِيْدُنَا (رواه البخاري وغيرُه)

Artosipun: “Setiap kaum nduwe dino royoyo lan dino iki yoiku dino riyoyo kito,” (HR al-Bukhari dan lainnya).

Baca Juga: 24 UCAPAN Selamat Hari Raya Idul Fitri 2024 Bahasa Arab dan Artinya, Cocok untuk Caption di Media Sosial

Dinten riyadin inggih meniko dinten bungah lan dinten kebahagiaan. Bungah utawi kebahagiaan kagem umat Muslim sak alam dunyo ingkang sampun nyempurnaaken taat dumateng Allah SWT.

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Ing antawisipun tindak lampah ingkang dipun perintah kagem kito wonten ing dinten riyadin inggih meniko silaturahim.

Tindak lampah meniko ingkang dipun ajarakan Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam kelawan tumindak lan ucapanipun.

Sak sampun ipun Jibril pertama kali mbeto wahyu, Kanjeng Nabi Muhammad nyeritaaken dateng Sayyidah Khadijah tentang menopo ingkang dipun alami kanjeng Nabi. Lajeng Khadijah radhiyallahu ‘anha matur:

اثْبُتْ يَا ابْنَ عَمِّ وَأَبْشِرْ، إِنَّكَ لَتَصِلُ الرَّحِمَ، وتَصْدُقُ الْحَدِيْثَ، وَتَكْسِبُ الْمَعْدُوْمَ، وَتَقْرِيْ الضَّيْفَ، وتُعِيْنُ عَلَى النَّوَائِبِ (رواه البخاري)

Artosipun: “Tenango he anak pamanku lan ngarepo sing apik, temen siro (kanjeng Nabi) yoiku wong sing temen-temen nyambung tali silaturahim, jujur naliko ngucap, wenehi nang wong fakir, ngurmati tamu lan bantu wong-song sing kesusahan.” (HR al-Bukhari).

Baca Juga: TEKS Ikrar Halal Bihalal Lebaran Idul Fitri 2024 untuk Acara di Sekolah Tingkat SD, SMP, dan SMA

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Nyambung sitalurahim kalih kerabat inggih meniko termasuk salah setunggal kewajiban. Sak wangsulipun, medhot hubungan silaturahim termasuk salah setunggal duso ageng. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:

لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ (رواه البخاري)

Artosipun: “Mboten bakal melbu surgo (bareng wong-wong sing luwih awal melbu surgo) wong sing medhot silaturahim.” (HR al-Bukhari dan Muslim).

Allah ta’ala ugi sampun ngendikan:

فَهَلْ عَسَيْتُمْ إِنْ تَوَلَّيْتُمْ أَنْ تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَتُقَطِّعُوا أَرْحَامَكُمْ، أُولَئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فَأَصَمَّهُمْ وَأَعْمَى أَبْصَارَهُمْ (سورة محمّد: ٢٢-٢٣)

Artosipun: “Umpomo sekirane awakmu kuoso opo bakal gawe kerusakan ing alam duni lan medhot silaturahim? Yoikulah wong-wong sing dilaknat Allah lan digawe budheg kupinge lan digawe wuto mripate.” (QS Muhammad: 22-23)

Ingkang dipun maksud Rahim atau Arham ingkang wajib sipun sambung inggih meniko poro sedulur sanak kadang baik saking Bapak utowo Ibu, kados paklik lan bulik soho putro putrinipun.

Baca Juga: TEKS Khutbah Idul Fitri 2024 Bahasa Sunda Terbaru dengan Tema Syukur, Download PDF Khutbah Idul Fitri 1445 H

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Medhot silaturahim artisipun sedoyo tidak lampah ingkang saget dadosaken renggangipun utawi putusipun hubungan kale sedulur/sanak kadang.

Contohipun mboten sambang naliko sedek e lagi bungah utawi lagi kenging musibah, mboten nepon babar pisan utawi mboten purun bantu sederek e ingkang mbetahaken padahal piambak ipun mampu.

Pramilo, wonten ing dinten Riyadin Idul Fitri meniko kito dipun anjuraken nyambung silaturahim kalian keluarga utawi kerabat kito.

Wonten ing zaman meniko, zaman canggih mboten enten alasan kagem nyambung silaturahim. Silaturahim saget kito lampahi kanthi macem-macem doro.

Kados dene lewat telponm, lewat SMS utawi WhastApp lan sak pinunggalanipun.

Sampun ngantos kito kejiret tipu dayanipun syetan ingkang dorong kito supados ngucap “Dulurku wes ngelarani aku, aku gak bakal sambang”, “dulurku gak pernah sambang aku, mongko aku gak bakal sambang, aku medhot hubungan.”

Baca Juga: KUMPULAN Khutbah Idul Fitri 2024 Terbaru Singkat dan Menyentuh Hati, Download Contoh Khutbah Idul Fitri 1445 H

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ngendikan:

لَيْسَ الْوَاصِلُ بِالْمُكَافِئِ وَلٰكِنَّ الْوَاصِلَ مَنْ وَصَلَ رَحِمَهُ إِذَا قَطَعَتْ (رواه البخاري)

Artosipun: “Wong sing sempurno silaturahime ora wong sing bales silaturahim kelawan silaturahim. Tetapi wong sing sempurno silaturahime yoiku wong sing nyambung silaturahim marang dulure kang medhot silaturahim marang dewek e.” (HR al-Bukhari).

Hadis meniko nuduhaken kito bilih ngawiti silaturahim marang kerabat ingkang medhot silaturahim meniko langkung utomo tinimbang bales silaturahim e kerabat. Allah ta’ala berfirman:

وَلَا تَسْتَوِي الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُ ادْفَعْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ فَإِذَا الَّذِي بَيْنَكَ وَبَيْنَهُ عَدَاوَةٌ كَأَنَّهُ وَلِيٌّ حَمِيمٌ (سورة فصّلت: ٣٤)

Artosipun: “Lan ora podo antarane apik lan elek. Nolak o siro kabeh marang ke-elek-an kelawan coro sing luwih apik, mongko ujug-ujug wong sing antaramu lan antarane dewek e ono permusuhan seolah-olah wes dadi kocno sing setia.”(QS Fushshilat: 34).

Baca Juga: TEKS KHUTBAH Idul Fitri 1445 H Penuh Haru Terbaik Sepanjang Masa, Download Khutbah Lebaran PDF Terbaru 2024

Ingkang dipun maksud “Nolak o (ke-elek-an)” kelawan coro ingkang langkung becik inggih meniki kados nyikapi emosi kelawan sabar, tumindak ingkang bodoh dipun sikapi kelawan bijak lan nyepuro, serto perbuatan awon dibales kelawan perbuatan sae. Sikap mekaten meniko ingkang saget menyatukan hati lan ngubah keadaan langkung sae.

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Khotib ugi ngemutaken kito sedoyo wonten ing dinten bebungah meniko supados saling sambang antawisipun dulur, tonggo lan konco. Monggo kito saling berbagi dan saling memberi. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam matur:


مَنِ اسْتَطَاعَ مِنْكُمْ أَنْ يَسْتَتِرَ مِنَ النَّارِ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ، فَلْيَفْعَلْ (رواه مسلم)

Artosipun: “Sopo wonge sing iso ngelindungi dewek e teko neroko meski kelawan sedekah separuh buah kurmo, mongko lakonono,” (HR Muslim).

Naliko katah tiang ingkang kelangan kerjaan, katah tiang kesusahan pados kerjaan, katah tiang miskin, katah tiang butuh bantuan, milo mpun ngantos supe sedekah.

Baca Juga: 15 Kata-kata Minta Maaf Idul Fitri 2024 1445 H yang Menyentuh Hati, Cocok Dikirim ke Keluarga dan Teman

Kito mulai sedekah bantu keluarga kito ingkang mbetahaken. Keranten sedekah dateng keluarga meniko dipun catet 2 pahala, pahala silaturahim lan pahala sedekah.

Lajeng kito sedekah lan bantu tonggo kiwo tengen ingkang mbutuhaken. Lan umpami kito satik mampu, lajeng kito sedekah lan mbantu dateng tiang lintu (tiang tebih) ingkang langkung mbetahaken bantuan.

Lantaran sedekah, ingsya allah kito saget tebih saking wabah, saking penyakit lan sedoyo keawonan. Bahkan, lantaran sedekah saget dadosaken kito tebih saking geni neroko lan langsung mlebet dateng suwarganipun Allah SWT.

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Mekaten khutbah Idul Fitri wonten ing enjing ingkang kebak barokah meniko.

Mugi-mugi Allah paring kito kesehatan, umur panjang sehinggo saget kepanggih wonten ing wulan Ramadhan lan Idu Fitri tahun ngajeng. Amin ya Robbal Alamiin..

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Baca Juga: 19 POSTER Idul Fitri 2024 Terbaru, Download Poster Ucapan Idul Fitri 1445 H Simple Keren Menarik PNG CDR

KHUTBAH KEDUA


اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللّٰهِ وَرَسُولُهُ، فَاللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ المَيَامِيْنَ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.
أما بعد فَأُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ عَزَّ وَجَلَّ وَاتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى فِي هَذَا الْيَوْمِ الْعَظِيمِ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى تَمَامِ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ، وَأَتْبِعُوا رَمَضَانَ بِصِيَامِ سِتٍّ مِنْ شَوَّالٍ، لِيَكُونَ لَكُمْ كَصِيَامِ الدَّهْرِ وَصَلِّ اللّٰهُمَّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا أَمَرْتَنَا، فَقُلْتَ وَقَوْلُكَ الْحَقُّ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ، أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ الصَّالحينَ،


اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ، اللّٰهُمَّ اجْعَلْ عِيدَنَا هَذَا سَعَادَةً وَتَلاَحُمًا، وَمَسَرَّةً وَتَرَاحُمًا، وَزِدْنَا فِيهِ طُمَأْنِينَةً وَأُلْفَةً، وَهَنَاءً وَمَحَبَّةً، وَأَعِدْهُ عَلَيْنَا بِالْخَيْرِ وَالرَّحَمَاتِ، وَالْيُمْنِ وَالْبَرَكَاتِ، اللّٰهُمَّ اجْعَلِ الْمَوَدَّةَ شِيْمَتَنَا، وَبَذْلَ الْخَيْرِ لِلنَّاسِ دَأْبَنَا، اللّٰهُمَّ أَدِمِ السَّعَادَةَ عَلَى وَطَنِنَا، وَانْشُرِ الْبَهْجَةَ فِي بُيُوتِنَا، وَاحْفَظْنَا فِي أَهْلِينَا وَأَرْحَامِنَا، وَأَكْرِمْنَا بِكَرَمِكَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ يَا غَفَّارُ.

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، عِيْدٌ سَعِيْدٌ وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ

***

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib

Tags

Terkini

Terpopuler