GUGURE GATOTKACA~
Srengenge wis angslup. Lan manut aturan, perang kudu leren. Ning ora ngerti ngapa, Korawa nglanggar aturan lan ngutus Adipati Karna menyang perkemahan Pandawa.
Adipati Karna nerobos lan ngrusak pasukan Pandawa. Sri Kresna banjur ngangkon Gatotkaca maju nglawan Adipati Karna.
Gatotkaca gelem nglakokake printahe raja Dwarawati kuwi. Gatotkaca ngetokna kabeh ilmune.
Dheweke mabur banjur mudhun nyamber mungsuhe. Sepisan nyamber, puluhan prajurit Hastina klenger tanpa daya.
Adipati Karna dadi mindher ngadhepi Gatotkaca sing kebal saka landhepe senjata.
Prabu Duryudana kawatir karo nasib pasukane nek Gatotkaca terus mengamuk.
Duryudana ngongkon Adipati Karna supaya nggunakne senjata pamungkase, Kunta Wijayandanu.