Karya : ANY ASMARA
Penerbit : USAHA “KAWAN” CV
Tanggal terbit : 15 Djuni 1962
Tebal : 38 halaman
Piyayi kuna kuwi jen arep ndojokake anake nganggo dipetong disik. Neptune dina pasaran botjah lanang lan wadon dietung, digunggung, bandjur dipara-para jen tinemu ala ora sida digatukake.
Saiki djamane wis madju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi botjahe, jen anadudu wong tuwane, mula jen ana tindak sing peksan kaja mengkono, kuwi klebu tindak kleru.
Achmad, pengarang muda, sugih tjrita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming para maose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dajaning kawin peksan.
Dheweke gandrung katresnan kalijan R. Adjeng Uminarsih, dene Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora tjojok.