TEKS CONTOH Sesorah Bahasa Jawa Beserta Strukturnya Tema Pendidikan Singkat dan Jelas untuk Tugas Sekolah

- 19 Agustus 2022, 12:00 WIB
TEKS CONTOH Sesorah Bahasa Jawa Beserta Strukturnya Tema Pendidikan Singkat dan Jelas untuk Tugas Sekolah
TEKS CONTOH Sesorah Bahasa Jawa Beserta Strukturnya Tema Pendidikan Singkat dan Jelas untuk Tugas Sekolah /Pexels/Armin Rimoldi/

Kanthi dipun biyantu kaliyan peran saking para siswa, insya Allah kabudayaan jawi menika saged lestari .

Baca Juga: SIMAK Dongeng Fabel Bahasa Sunda Kancil Jeung Buaya, Contoh Teks Dongeng Singkat dan Unsur Intrinsiknya

Pendidikan budaya menika saged dipun dadosaken pembekalan para siswa babagan kabudayaaan jawa.

Saengga para siswa lulusan sekolah menika gadahi bekal babagan kabudayaan jawa saha siap terjun wonten ing tengah-tengah masyarakat kagem nglestariaken budaya jawa.

Para siswa ugi saged nularaken ilmu ingkang sampun katampi saking bangku sekolahan dumateng masyarakat ingkang tasih awam babagan kabudayaan jawa saha siswa ugi saged ngangsu kawruh babagan kabudayaan jawa ingkan dereng dipunajaraken saking sekolahan.

Baca Juga: Inilah Tuladha Artikel Bahasa Jawa Singkat dan Padat, Contoh Artikel Tentang Lingkungan dan Strukturnya

Saengga para siswa menika saged nampi pasinanon kabudayaan jawa saking kalih sumber inggih menika pendidikan formal utawi sekolahan saha saking masyarakat.

Mugi-mugi lewat pendidikan budaya menika generasi nem saged paring pambiyantu ingkang ageng kagem usaha anggenipun budaya jawa menika tetep lestari.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Matur nuwun .

Halaman:

Editor: Sugiharto


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x