*Gusti putri roro jonggrang nyanyi lan jogetan
Emban 1 : Lhaaaaaaaaa rak nggeh ngaten to gusti putri… kita-kita para abdi dalem kan ya nderek seneng
Baca Juga: TEKS DRAMA Bahasa Jawa Singkat 6 Orang Tema Pendidikan, Contoh Naskah Drama untuk Tugas Bahasa Jawa
RJ : Sopo lo sing ndak sedhih biyung emban, Negara kita dikuwasani musuh, Ramaku Prabu Boko uga sedha. Kapriye nasibe rakyat tlatah Prambanan iki? Kapriye biyung ?
Emban 1 : Nuwun sewu Gusti Putri, kepareng matur menawi lepat nyuwun ngapunten
RJ : Arep matur apa biyung emban?
Emban 1 : Pancen bubur wis dadi sego, Negara kita wis diwasahi musuh, sing dipimpin Bandung Bondo Woso
Emban 2 : Iya yu, Jarene Bandung Bondo Woso kui guuanteng banget kaya ….
Emban 1 : Hus! Menengo disik. Lek enek wong gantheng ngooosekk ae. Ngapunten Gusti Putri, lare niki wau pancen dereng ngombe obat, dados nggeh maklum… mboten jangkep setunggal atus.