Lali Mergo Mie Ayam Buto
Sak iki wes dino minggu, rumangsaku winggi dino minggu sak iki wes dino minggu meneh.
Arepa sak iki dino minggu lehku tangi tetep gasik, malah luweh gasik tinimbang biasane.
Biasane aku tangi jam 4 sak iki malah jam 1 esok aku wes tangi mergo arep dolanan game online tekan jam 5 esok ben koneksine lancar.
Lagi enak-enak dolanan PUBG, aku diceluk e bapakku dikon makani pitik sek ono ning kandang.
“Kris, tangi.. rewangi bapak kene” bapakku nyelok e seko kandang pitik.
“yo pak, sedelo..” wangsulanku karo mateni HP.
“iki pitik e dipakani yo , mngko sore ojo lali dipakani katul karo sego.. jipok neng pawon wes disiap e .
Bapak karo Mamak arep neng Kebumen sedino iki.” “oke pak, oleh-oleh e yo pak”