Kumpulan Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat Beserta Unsur Intrinsiknya, Cerita Pendek atau Cerpen Versi Jawa

- 10 Agustus 2022, 08:33 WIB
Kumpulan Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat Beserta Unsur Intrinsiknya, Cerita Pendek atau Cerpen Versi Jawa
Kumpulan Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat Beserta Unsur Intrinsiknya, Cerita Pendek atau Cerpen Versi Jawa /

Portal Kudus - Berikut ini kumpulan contoh Cerkak Bahasa Jawa singkat beserta unsur intrinsiknya, cerita pendek atau cerpen versi Bahasa Jawa.

Bagi kalian yang bingung dan mencari contoh teks Cerkak Bahasa Jawa singkat, simak artikel ini hingga selesai.

Artikel ini akan menyajikan contoh teks Cerkak Bahasa Jawa singkat guna menjadi panduan agar membantu belajar kalian.

Baca Juga: CONTOH Dialog Bahasa Jawa 2 Orang Teman Singkat, Percakapan dengan Teman Sebaya untuk Tugas Basa Jawa

Cerkak atau Cerita Cekak merupakan cerita pendek atau cerpen jika di dalam bahasa Indonesia.

Kebanyakan Cerkak merupakan kisah fiksi, namun kadang ia juga sesuai dengan kisah nyata dengan penambahan unsur fiktif agar lebih menarik.

Dalam menulis Cerkak seorang penulis bebas menulis tema apa saja, di antaranya yang sering yakni tema tentang kebersihan lingkungan, pendidikan, persahabatan, sekolah dst.

Langsung saja simak berikut ini contoh teks cerita Cerkak Bahasa Jawa singkat sesuai untuk memenuhi tugas Basa Jawa yang berhasil kami rangkum.

Baca Juga: ASPEK INFORMASI: Kedudukan Pancasila Sebagai Dasar Negara Mengandung Pengertian Apa? Ini Uraiannya

Lali Mergo Mie Ayam Buto

Sak iki wes dino minggu, rumangsaku winggi dino minggu sak iki wes dino minggu meneh.

Arepa sak iki dino minggu lehku tangi tetep gasik, malah luweh gasik tinimbang biasane.

Biasane aku tangi jam 4 sak iki malah jam 1 esok aku wes tangi mergo arep dolanan game online tekan jam 5 esok ben koneksine lancar.

Lagi enak-enak dolanan PUBG, aku diceluk e bapakku dikon makani pitik sek ono ning kandang.

Baca Juga: Simak CONTOH Dharma Wacana Singkat Bahasa Bali, Teks Dharma Wacana Pendek, Padat dan Jelas Untuk Dipahami

“Kris, tangi.. rewangi bapak kene” bapakku nyelok e seko kandang pitik.

“yo pak, sedelo..” wangsulanku karo mateni HP.

“iki pitik e dipakani yo , mngko sore ojo lali dipakani katul karo sego.. jipok neng pawon wes disiap e .

Bapak karo Mamak arep neng Kebumen sedino iki.” “oke pak, oleh-oleh e yo pak”

“yowes bapak karo mamak menyang sikik, jaga omah e”

“ati-ati ngih pak buk” aku banjur nglajutake makani pitik mau.

Baca Juga: BARU! Contoh Percakapan 2 Orang Bahasa Inggris Singkat, Padat dan Jelas Dialog Pendek untuk Tugas

Sakwise kui bapak lan ibuku wis menyang neng kebumen. Terus aku balek neng kamar dolanan game meneh.

Ora kroso wes jam 11 awan, rasane ngeleh banget. Aku langsung neng pawon jipok sego karo lawuh , jebule lawuhku dipangan kucing.

Rasido madang aku banjur adus , rampung adus aku langsung neng gon simbahku arep jalok lawuh karo jangan.

Lagi wae metu seko omah, klutak klutuk aku mlaku malah ketemu kanca-kancaku.

“weh kok rame-rame do gowo motor ki arep pada nandi e ?” takonku marang kancaku sek jenenge dito.

Baca Juga: KUMPULAN CONTOH Kalimat Ooteka dalam Bahasa Indonesia, Pahami Pengertian Ooteka dan Contoh Kalimatnya

“ayo melu ora kris, arep tuku mie ayam buto neng godean ki, jare mie ayam e akeh prosi kuli” jawab e dito.

“wah kok pas banget, sek tunggu yo tak jipok duit … aq negelih banget ki. Aku bonceng yo dit” jawabku langsung muleh jipok duit sepuluh ewu.

Banjur aku gage-gage muleh jipuk duit ben ra ditinggal kanca-kancaku mau.

Sakwise jipok duit jebule dito wes nunggu neng ngarep omahku, aku langsung boceng menyang bakul mie ayam, tekan kono motor e distandar e ngarep warung.

Baca Juga: DIALOG Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 2 Orang Singkat Padat dan Jelas Tema Pendidikan Buat Tugas Sekolah

Aku banjur mlebu goleki sek dodol takon rego karo pesen mie ayam e , bareng wes reti rego e aku pesen mie ayam buto ro es jeruk.

Mie Ayam Buto regone enem ewu, es jeruk rong ewu lah iki ono krupuk nek tak jipok dadi tambah sewu, yen aku jipok loro dadi nambah rong ewu.

Aku gur gowo duit sepuluh ewu jebul e pas banget.

“jupuk e krupuk kui sak toples e wae “ kandane badi “nyoh ki, ojo dintek e ngo lawuh mie ayam enak ki” kandaku sambi jupuk toples.

Ora let sue aku karo koncoku do cekikian, bakule mie ayam teko ngawa pesenanku karo kanca-kancaku.

Baca Juga: Simak CONTOH Dharma Wacana Singkat Bahasa Bali, Teks Dharma Wacana Pendek, Padat dan Jelas Untuk Dipahami

Mie Ayam e muntuk sak mangkok diseleh e meja sangarepku. Pantes dijenengi Mie Ayam Buto porsi e cocok ngo buto iki batinku neng jero ati.

“weh mantap banget iki, do ntek ra ? mie ayam e akeh banget ngasi ra iso diudak” kandan e dito.

“wes teko lek dipangan sek , nek ra ntek yo digowo muleh ndit.” Jawabku

Kancaku pada mangan sajak nikmat banget, bareng wes rampungan le pada mangan aku jipok dit sek ana ning sak buri, tak rogoh sak kathoku . mak dheg… kaget duit e uwes ora ono, aku bingung.

Kanca-kancaku uwes pada bayar aku ijeh goleki duitku sepuluh ewu mau nandi.

Tak golek goleki ra ketemu aku langsung neng gon bakul e.

Baca Juga: Simak CONTOH Soal Survei Kebhinekaan Pilihan Ganda Pertukaran Mahasiswa, Kampus Mengajar, dan Kampus Merdeka

“pak ngapunten, duit kula ilang e, kulo wangsul riyen mangkeh meriki meleh ngeh.” ngomongku karo bakule sinambi garuk-garuk sirah kisinan.

“wela koe mau wes bayar le, mosok lali po arep bayar meneh” bakule nguyu.

“owalah iyo , pantes wae duitku ora ono. Lali tenan aku” aku langsung lungguh meneh karo kanca kancaku.

Sak banjure aku karo kanca-kancaku tetep neng warung Mie Ayam Buto tekan sore lagi muleh jam jam 5an, kancaku bali menyang omah e dewe-dewe naganggo motor e aku diter e karo dito.

Tekan omah jebul e Ibuk ro bapakku uwes bali, aku lali rung makani pitik.

“kris seko ngdi ? pitik e kok during dipakani ?” takone bapakku karo rodo nesu “iya pak aku lali e , ki mau bar seko tumbas mi ayam lali nek diwelingi kon makani pitik dadi tekan sore le tumbas mie ayam” kandaku karo bapakku

“wealah, wes kono sak iki pitik e dipakani disek.. sesok ora dibaleni meneh” Aku langsung makani pitik naganggo katul karo sego turahan dino iki sek ra kepangan, goro – goro tuku mie ayam buto iki aku dadi lali tugasku kon makani pitik.

Iki dadi pengalamanku ben ora mbaleni meneh, untung e pitik e ora podo mati ijeh podo sehat.

Baca Juga: BARU! Contoh Percakapan 2 Orang Bahasa Inggris Singkat, Padat dan Jelas Dialog Pendek untuk Tugas

Unsur-Unsur Intrinsik Cerkak :

A. Tema : Pengalaman

B. Tokoh dan Perwatakan :

1. Krisna : Lalen, Manut marang wong tuo, Seneng biyantu.

2. Bapak e Krisna : Baik, Galak, Gemati marang anak

3. Dito : Setia Kawan

4. Bakul Mie Ayam : Jujur

5. Kanca-kanca e Krisna : Setia Kawan

C. Latar / Setting :

Baca Juga: RINGKASAN Asal Usul Kota Surabaya dalam Bahasa Jawa Singkat Lengkap dengan Amanat yang Terkandung

1. Panggonan : Omahe Krisna, Kandang Pitik, Warung Mie Ayam, Ngarep Omah, Kamar

2. Suasana : Seneng, Bingung, Susah, Kaget, Nesu

3. Waktu : Esok, Awan, Sore

D. Alur : Aluripun cerkak ingih punika Maju

E. Sudut Padang : Sudut padang wong kapisan

F. Amanat : 1. Dadi uwong kedah tanggel jawab.

2. Kedah eling wektu.

3. Ojo dadi bocah lalen.

4. Manut marang wong tuo.

Baca Juga: Simak CONTOH Dharma Wacana Singkat Bahasa Bali, Teks Dharma Wacana Pendek, Padat dan Jelas Untuk Dipahami

“Acara Ulang tahunku”

Minggu wingi aku ulang tahun umur 10 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngundan kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 15.

Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno.

Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah.

Baca Juga: CONTOH Artikel Bahasa Jawa Tentang Sampah dan Terjemahan Bahasa Indonesia Larangan Membuang Sampah Sembarangan

Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi.

Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut.

Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lepak lan sepatu.

Acara kasebut berjalan dengan meriah, momen iku ora bakal iso tak lalekne.

Baca Juga: 40 CONTOH Soal KSM Biologi MA 2021 dan Kunci Jawaban, Materi Soal KSM Biologi MA Tingkat Provinsi Kabupaten

“Melbu Sekolah SMP”

Sak uwise perian sekolah suwe, sesok wayae melbu sekolah ugo golek ilmu kanggo sangu mbesuk gede.

Ora kroso ati iki mulai gugup amergo sesok bajur uwes sekolah ing bangku SMP.

Aku ketrimo ing SMP sing tak pengeni kang panggonane ono kuto gede. Aku wes ora sabar bakal ketemu konco anyar, guru anyar lan pengalaman anyar.

Bapak lan Ibu juga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah tenanan, pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo.

Ora lali aku ugo dikandani lek sekolah ing kuto kudu iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu taat agama!

Ora kroso dino kang ditunggu tibo. Tepate dino senin aku di terke bapak menyang sekolah gawe seragam anyar lengkap.

Baca Juga: DOWNLOAD Soal Cerdas Cermat SD 2022, Contoh Latihan Soal Cerdas Cermat dan Jawabannya Pengetahuan Umum Terbaru

Aku diterke sampe gerbang ngarep sekolahan terus pamitan lan bapakku muleh.

Bapakku matur. “Lek wes jam muleh sekolah ngabari ya le, ngko tak papak” “Enggeh Pak !!”, jawabku.

Aku mulai melbu sekolah nuju lapangan kang uwes ono akeh bocah anyar baris.

Dino iki enek kegiatan sing diarani “MOS”. Jadi poro siswa anyar bakal dikenalke karo lingkungan sekolah sing suwene 3 dino.

Acara MOS iku dimulai pembukaan upacara bendera, wejangan soko bapak kepala sekolah, perkenalan lingkungan lan lio-liane.

Aku seneng banget duweni kesempatan iso sekolah SMP ing kuto.

Aku berjanji karo awakku dewe lek nek sekolah iki bakale aku iso luweh berprestasi, sregep lan iso manggakne wong tuaku loro karone.

Baca Juga: 40 CONTOH Soal KSM Biologi MA 2021 dan Kunci Jawaban, Materi Soal KSM Biologi MA Tingkat Provinsi Kabupaten

Demikian informasi terkait contoh cerita Cerkak Bahasa Jawa singkat sesuai untuk memenuhi tugas Basa Jawa.***

Editor: Sugiharto


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x