Mie Ayam e muntuk sak mangkok diseleh e meja sangarepku. Pantes dijenengi Mie Ayam Buto porsi e cocok ngo buto iki batinku neng jero ati.
“weh mantap banget iki, do ntek ra ? mie ayam e akeh banget ngasi ra iso diudak” kandan e dito.
“wes teko lek dipangan sek , nek ra ntek yo digowo muleh ndit.” Jawabku
Kancaku pada mangan sajak nikmat banget, bareng wes rampungan le pada mangan aku jipok dit sek ana ning sak buri, tak rogoh sak kathoku . mak dheg… kaget duit e uwes ora ono, aku bingung.
Kanca-kancaku uwes pada bayar aku ijeh goleki duitku sepuluh ewu mau nandi.
Tak golek goleki ra ketemu aku langsung neng gon bakul e.
“pak ngapunten, duit kula ilang e, kulo wangsul riyen mangkeh meriki meleh ngeh.” ngomongku karo bakule sinambi garuk-garuk sirah kisinan.
“wela koe mau wes bayar le, mosok lali po arep bayar meneh” bakule nguyu.
“owalah iyo , pantes wae duitku ora ono. Lali tenan aku” aku langsung lungguh meneh karo kanca kancaku.