Portal Kudus - Inilah teks deskripsi Kebaya dalam Bahasa Jawa beserta strukturnya, contoh teks pakaian adat Jawa.
Bagi kalian yang bingung dan mencari pengertian dan teks contoh artikel deskripsi Bahasa Jawa singkat, simak artikel ini hingga selesai.
Artikel ini akan menyajikan pengertian dan teks contoh artikel deskripsi Bahasa Jawa Kebaya singkat guna menjadi panduan agar membantu belajar kalian.
Artikel deskripsi merupakan teks atau karangan untuk menyampaikan informasi untuk menggambarkan secara jelas sebuah objek, tempat atau kejadian.
Ciri-cirinya yakni ketika artikel dibaca, pembaca seolah-olah merasakan langsung dengan bacaan tentang apa yang dideskripsikan.
Nah, untuk struktur teks deskripsi adalah:
1. Judul. Dalam judul, dituliskan beberapa kata yang mewakili isi dari teks deskripsi dan objek yang dideskripsikan.
2. Deskripsi Umum. Pada bagan deskripsi umum menjelaskan tentang definisi/identitas objek yang dideskripsikan
3. Deskripsi Bagian. Pada deskripsi bagian, menjelaskan tentang suatu pengklasifikasian objek yang dideskripsikan dengan memberikan gambaran-gambaran yang jelas.
Langsung saja simak berikut ini teks contoh artikel deskripsi Bahasa Jawa singkat yang berhasil kami rangkum.
KEBAYA
IDENTIFIKASI: Kebaya inggih punika busana tradisional ingkang diagem dening tiyang estri ing daerah Jawa.
Kebaya asalipun saking tembung “abaya” ingkang nggadahi artos sandhangan.
Sederengipun tahun 1600 M, kebaya namung diagem dening tiyang estri Kerajaan, lajeng sesampunipun Belanda dhateng ing Nusantara tiyang estri Belanda uga ngagem kebaya.
Baca Juga: SIMAK Percakapan Bahasa Jawa dengan Orang Tua Singkat, Contoh Dialog Bahasa Jawa 2 Orang Krama Alus
Model kebaya saben daerah ing Indonesia benten-benten.
KLASIFIKASI: Jenis kebaya ingkang kulina diagem dening tiyang estri Jawa inggih punika kebaya Solo utawi keraton Surakarta.
Kebaya keraton Surakarta nggambaraken status ingkang ngagem.
Kebaya keraton Surakarta kulina diagem dening para permaisuri ingkang nggadahi ciri khas didamel saking bahan sutera lan beludru, uga dihiasi hiasan sulam, nanging kangge para putri kebaya ingkang diagem langkung cekak.
Desain kebaya Solo utawi keraton Surakarta ngandape ngagem kain jarik batik ingkang ngajenge sampun dipunwiru.
Baca Juga: RINGKASAN Cerita Anoman Duta dalam Bahasa Jawa Kelas 9 SMP dan MTs Singkat, Padat dan Jelas
Kebaya Solo utawi keraton Surakarta uga dipuntambahi kutu baru wonten ngajenge ingkang nyambungaken kalih sisi kebaya ing bagian dada.
Nanging menawi diagem dening lare alit, kebaya diagem kaliyan sabuk wolo. Kebaya khas Jawa Tengah didamel saking kain beludru cemeng, brokat, utawi nilon.
DESKRIPSI BAGEAN: Kebaya wonten 2 wujudipun inggih punika kebaya cekak lan kebaya panjang.
Kebaya cekak utawi kebaya R.A Kartini didamel kaliyan kain katun polos utawi brokat lan dihiasi kembang sulam.
Kebaya cekak nggadahi ukuran ngantos pinggul. Kebaya cekak iku kulina diagem dados busana padintenan.
Cara ngagem kebaya cekak inggih punika dipuntambahi kemben kangge nutupi dada, kain jarik batik wonten ngandap, lan stagen.
Stagen dipuniket wonten padaran kangge ngencengake tapihan pinjung.
Benten malih kaliyan kebaya panjang, kebaya panjang didamel saking kain beludru cemeng utawi abrit lan pinggirane dihiasi pita emas.
Kebaya panjang nggadahi ukuran ngantos lutut. Kebaya panjang kulina diagem kangge acara resmi kaya dene upacara perkawinan.
Cara ngagem kebaya panjang inggih punika diagem kaliyan kain jarik ingkang sampun dipunwiru kangge ngandapan.
Kangge tiyang estri Jawa, kebaya nggadahi filosofi nile-nile kehidupan. Wujudipun ingkang sederhana meniku nggambaraken kesederhanaan masyarakat Indonesia.
Nile filosofi kebaya inggih punika kepatuhan, kealusan, lan tumindak tiyang estri ingkang kedah alus.
Ngagem kebaya ndadosaken tiyang estri dados tiyang ingkang anggun lan kagungan kepribadian.
Demikian informasi terkait pengertian dan teks contoh artikel deskripsi Bahasa Jawa singkat tentang Kebaya.***