Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh.
Sesorah iku ditindake wong jawa utamane ana ing upacara adat. Upacara adat kang nganggo sesorah yaiku :
- Upacara manten
- Sunatan
- Sedekah gunung lan liya-liyane
Jenis Sesorah
Miturut gunaan, sesorah dibagi ana telu, yaiku :
- Sesorah tunggal (sabdatama).
- Pambagyahrja (mahargya marang tamu).
- Tanggap wacana (sesorah kang kudu entuk tanggapan).
Tujuan Sesorah
- atur pambagya, tuladhane : syukuran
- alur kabar utawa pawarta, tuladhane : sesorah ing rapat
- atur panglipur, tuladhane: bela sungkawa
- pangajak, tuladhane : penyuluhan kesehatan
Baca Juga: Sifat dan Karakter Nama Nabila Menurut Islam, Ternyata Begini Karakter Nabila Sebenarnya
Urutane Sesorah
- Salam Pambuka : uluk salam miturut agama.
- Purwaka : atur panuwun marang gusti, tamu.
- Surasa basa (isi) : isine bab kang diwedharke.
- Dudutan : ringkesan isine sesorah.
- Pengarep-arep lan pesen : bab kang dipesenake ana ing sesorah.
- Wasana basa (penutup) : atur panuwun lan pangapura marang sesorah kang diwedharke.
- Salam Penutup : kanggo penutup.
Demikian penjelasan lengkap mengenai materi sesorah Bahasa Jawa kelas 11 semester 1 lengkap dengan pengrtian, jenis, tujuan, dan urutan sesorah.
Semoga membantu para siswa, guru, maupun orang tua dalam referensi belajar materi sesorah. **