40 Soal US Bahasa Jawa Kelas 9 2022 PDF dan Kunci Jawaban, Contoh Soal US Bahasa Jawa Kelas 9 Kurikulum 2013

- 22 April 2022, 02:00 WIB
ilustrasi. Pembahasan contoh soal UAS US Bahasa Jawa Kelas 9 SMP dilengkapi dengan kunci jawaban 2022
ilustrasi. Pembahasan contoh soal UAS US Bahasa Jawa Kelas 9 SMP dilengkapi dengan kunci jawaban 2022 /unsplash/Mical Parzuchowski/

Wacanen kang premati (kanggo pitakon nomer 1 – 7)!

Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, Narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara. Kang rinembug murcane Dewi Sinta. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laskmana.

Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen Anoman dutaning sang nata. Yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu Dasamuka.

1. Pethikan crita wayang Ramayana ing dhuwur kajupuk saka crita lakon ....
A. Anoman Obong
B. Anoman Duta
C. Sinta kadhusta
D. Rama lan Sinta

Jawaban: B

2. Kang rinembug ing pasewakan yaiku ....
A. palapurane Resi Jatayu
B. ature Narpati Sugriwa
C. panemune Raden Laksmana
D. ilange Dewi Sinta

Jawaban: D

Baca Juga: Download Soal UTS PTS IPA Kelas 8 Semester 2 dan Kunci Jawaban, Contoh Soal PTS IPA Kelas 8 Semester 2 K13

3. Inti sarine paragraf siji yaiku ....
A. Jatayu atur palapuran manawa kang ndhusta Dewi Sinta yaiku Prabu Dasamuka
B. Prabu Ramawijaya kaadhep dening Raden Laksmana Widagda, Narpti Sugriwa, lan sawetara bala wanara.
C. Prabu Ramawijaya nyarujuki supaya ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka.
D. Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing negara Ngalengka.

Jawaban: A

4. Andharan ing ngisor iki kang jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Anoman diutus merangi raja yaksa Negara Ngalengka.
B. Anoman diutus nakyinake kaanane Dewi Sinta.
C. Anoman diutus ngrangket wadya bala raseksa.
D. Prabu Rama milih Kapi Anoman minangka senopati.

Halaman:

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah