DOWNLOAD Teks Khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF Singkat dan Menyentuh Hati Terbaik Sepanjang Masa

- 16 April 2023, 21:05 WIB
teks khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF singkat dan menyentuh hati
teks khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF singkat dan menyentuh hati /pexels.com

Artosipun: “Nalikane umat nabi nglaksanakke poso romadhon nuli banjur metu kanggo sholat riyoyo, mongko Allah ta’ala paring dawuh, “Duh malaikatku, kabeh wong sing wes rampung kerjo nduweni hak nompo upah. Lan kawula-kawulaKu kang wus rampungan poso romadhon lan metu seko omah kanggo ngibadah sholat ied sakperlu nggolek ganjaran, mongko seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapuro maring kawula-kawulaKu mau. Nuli ana suwara kang undang-undang: “Duh umate kanjeng nabi Muhammad, balio maring omah siro kabeh. Temen wus den ganti kealanan siro kabeh kelawan kabecikan.Maka Allah ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, siro poso lan buko kerono Ingsun. Mongko podongadeko siro kabeh kanthi nggowo maghfiroh soko Ingsun.”

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang minulyo

Allah azza wa jalla sampun maringi kekhususan utawi keistimewaan dumateng sedoyo umat kanjeng rasul Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam kelawan wulan ramadhan utawi wulan kesabaran.

Setengah saking kekhususanipun injih meniko Allah badhe paring pangapuro dumaten tiang ingkang purun nindakaken siyam ramadhan kanthi ikhlas lillahi ta’ala.

Allah njanjekaken badhe ngumbah sedoyo dosa kulo lan panjenengan sedoyo kanthi toyo maghfiroh.

Baca Juga: 25 CONTOH POSTER Idul Fitri 2023 CDR PNG PSD Terbaru, Cocok Untuk Desain Spanduk dan Banner Idul Fitri 1444 H

Nuli Allah paring rizki awujud resikipun manah lan kanthi ngedalaken raos bungah wonten ing dinten riyoyo idul fitri.

Wonten ing kitab al-Ittihaf dipun jelasaken bilih setuhune dino idul fitri iku dino kumpule kawulane Allah ingkang podo iman.

Lan iku dadi isyarah maring akehe kawulane Allah kang podo oleh maghfirah. Dipun jelasaken ugi bilih dinten riyadin dipun wastani idul fitri keranten wonten ing dinten meniko Allah sampun maringi fadholdumateng sedoyo kawulo mukmin bi fadhlil maufurutawi kelawan kautamaan ingkang sampurno.

Halaman:

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x