Khutbah Jumat Basa Jawa Menyambut Bulan Rajab 1443 H Keistimewaan Bulan Rajab Menghadapi Bulan Ramadhan 2022

- 3 Februari 2022, 10:20 WIB
Ilustrasi Khutbah Jumat Singkat Bulan Rajab Bahasa Jawa: Keistimewaan Bulah Rajab Sebelum Ramadhan 2021
Ilustrasi Khutbah Jumat Singkat Bulan Rajab Bahasa Jawa: Keistimewaan Bulah Rajab Sebelum Ramadhan 2021 /Pixabay/sharonang

Rojab meniko dados kunci nipun wulan-wulan sae engkang dumawah sak sampunipun. Abu Bakr Al-Balkhi rahimahullah ngendiko:

شَهْرُ رَجَبٍَ شَهْرُ الزَّرْعِ وَشَهْرُ شَعْبَانَ شَهْرُ سَقْيِ الزَّرْعِ وَشَهْرُ رَمَضَانَ شَهْرُ حِصَادِ الزَّرْعِ

“Rojab iku wulane nanem (nandur). Sya’ban iku wulane nyiram taneman. Lan Romadhon iku wulane manen” (Fatwa Al-Islam Sual wa Jawab).

Baca Juga: Khutbah Jumat Bulan Rabiul Awal : Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW

Panjnenganipun ugi dawuh, “Rojab iku koyo angina, Sya’ban iku mendung, lan Romadhon iku udane”.

Ma’asyirol muslimin, hafidho kumulloh…

Wonten wulan Rojab romo lan ibunda nipun Kanjeng Nabi (Sayyid Abdulloh lan Sayyidah ‘Aminah) kromo tuwin ngandut janin manungso pilihan (sayyidul anam, sayidul mursalin, insanun kamil) engkang nate dipun lahiraken Alloh wonten bumi, yakni baginda nabi Muhammad saw. Isro’ mi’roj, perjalanan fenomenal tuwin spektakuler, ugi dumawah wonten wulan Rojab, malam 27. Setungalipun malem engkang Kanjeng Nabi nampi kemulyaan paling ageng engkang nate dipun parengaken Alloh dateng kawulonipun.

Malem kawitan wulan Rojab, kitho dipun anjuraken fokus ngibadah dateng Alloh. Malem setunggal Rojab meniko malem engkang mustajab kagem dungo. Kados engkang dipun tegasaken Imam Syafi’i wonten kitab al-Umm:

بَلَغَنَا أَنَّهُ كَانَ يُقَالُ: إِنَّ الدُّعَاءَ يُسْتَجَابُ فِي خَمْسِ لَيَالٍ: فِي لَيْلَةِ الْجُمُعَةِ، وَلَيْلَةِ الْأَضْحَى وَلَيْلَةِ الْفِطْرِ وَأَوَّلِ لَيْلَةٍ مِنْ رَجَبٍ، وَلَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ

“Wus teko berita marang aku, yen temen dungo iku dikabulne ono ing limang malem: malem Jum’at, malem riyoyo kurban, malem riyoyo fitri, malem seji Rojab, lan malem nishfu Sya’ban (malem 15 Sya’ban)”.

Ma’asyirol muslimin, hafidho kumulloh…

Halaman:

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah