Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa dengan Tema Kunci Kebahagiaan Dunia dan Akhirat

- 25 November 2021, 19:33 WIB
Ilustrasi Sholat Jumat.
Ilustrasi Sholat Jumat. /Pixabay / Olgaozik

Portal Kudus - Berikut Naskah khutbah Jumat Bahasa Jawa dengan tema Kunci Kebahagiaan Dunia dan Akhirat.

Khutbah merupakan satu syarat sahnya ibadah sholat Jumat yang wajib dilakukan.

Selain menggunakan bahasa Arab dan bahasa Indonesia, khutbah jumat juga bisa menggunakan bahasa lokal daerah seperti bahasa Jawa. 

Dalam artikel terdapat naskah khutbah Jumat dengan menggunakan bahasa Jawa.

Berikut naskah khutbah Jumat:

Baca Juga: Lirik Puji-pujian Jawa Kuno 'Eling-eling Siro Manungso' Syi'ir Sholawat Jawa

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...
فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.

Rahimakumullah. Para Jamaah Jumat Sedoyo, Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngerso dalem Allah, awit sampun peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya, sahingga siang punika kita tasih saget menangi malih dinten jumat, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa.

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngerso dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah :

إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).

Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken.

Sedoyo tiang gadah pengangen-angen supados anggenipun gesang ing dunya saget anggayuh ketentreman saha kabegjan ngantos wonten ing akhirat sakmangke. saking puniko kito kedah memahami kanti leres bilih ingkang dandos sumber katentreman lan kebahagian meniko mboten saking kathipun bondo donyo, mobil ingkang mewah, griyo ingkang megah, ananging sumber katentreman saha kabegjan meniko wonten ing manah saben tiyang. menawi kito gatosaken sak kelilingipun kito bade nemokaken bilih katah ingkan gadah bondo donyo melimpah ananging dewekipun mboten saget ngraosaken kabegjan , ketentreman lan kedamaian ing manahipun, keporo malah sak walikipun malah ngraosaken manah ingkang mboten tenang.

saking meniko kito kedah gatosaken manah kito supados tetep tentrem lan bahagia.

Baca Juga: Lirik Sholawat Qur’aniyah, Teks Lengkap Arab, dan Latin

Supados kita saget anggayuh gesang ingkang bahagia tentrem lan slamet donyo akhirat pramilo kedah berusaha nindakkaken amalan ingkang saget dumugekaken katentreman gesang lan kabegjan dunyo akhirat.

1. Iman Lan Amal Shaleh

Sebab ingkang paling pokok lan paling utami supados kito saget anggayuh ketentreman lan kabegjan dunyo akhirat inggih puniko kanti Iman lan nindakkaken amal shaleh ingkang sampun diprentahaken Allah saha Rasulipun.

Allah berfirman,

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ

QS. An-Nahl : 97

Saking ayat kolo wau nedahaken bilih Allah bade paring balasan dumateng tiyang ingkan iman lan nindakkaken amal shaleh keranten Alloh bade dipun paringi hayah toyyibah . artosipun dipun paringi manah ingkang tenang lan tentremipun jiwo. Alloh paring kanugrahan Rizki ingkang halal saking arah ingkang mboten songko-songko.

2. Ilmu Ingkang Bermanfaat

Kanti ilmu kito bade saget mbentenaken pundi ingkang haq lan pundi ingkang bathil. sahinggo kito saget mlampah wonten dalan ingkang haq lan dumugekkaken katentreman lan kebahagian ingkang haqiqi.

3. Akhlaq Mulia

kanti Akhlak ingkang sae, tindak tanduk budi pekerti ingkang sae kito bade ngraosaken pagesangan ingkang tentrem lan dadosaken kito gesang kanti bahagia.

benten malih menawi kito gadah akhlaq ingkang awon, remen damel memengsahan, menawi mekaten bade dadosaken panggesangan ingkang sempit, manahipun mboten tenang lan mboten saged ngraosaken kebahagian.

4. Syukur nikmat lan dzikrulloh (enget dateng Allah)

Kanti syukur nikmat Alloh bade nambah nikmat ingkang dipun anugrahaken dateng kito, lan kanti syukur nikmat manah kito saget tenang. lan ugi kito ngatahaken eling dumateng Alloh. kanti tansah enget dateng Allah, Allah bade nurunaken rahmatipun.

5. Manjataken Doa atau nyuwun dumateng Allah

kados Doa ingkang dipun ajaraken Rasulullah Shallallohu'alaiwasallam :

اللهم أصلحلي ديني الذي هو عصمة أمري و أصلح لي دنياي التي فيها معاشي و أصلح لي آخرتي التي فيها معادي و اجعل الحياة زيادة لي في كل خير و اجعل الموت راحة لي من كل شر


أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم..

Baca Juga: Teks Lirik Sholawat Sholatullahi Wassalam, Karya KH Ahsin Shako Muhammad

Khutbah Kedua:


إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ


Para sederek kaum muslimin ingkang minulyo, ing khutbah kaping kalih puniko kito saget mendet kesimpulan saking khutbah ingkang sepindah inggih punika kebahagian ingkang haqiqi inggih puniko kito saget anggayuh keslametan sak mangke wonten ing akhirat, kebahagian meniko sumberipun wonten ing manah kito sedoyo selaku umat muslim kito kedah mangertosi punopo engkang saget dadosaken kito bahagia wonten ing dunyo lan ing akhirat.

Mugi-mugi kito kagolongaken hambanipun Allah ingkang tansah enget dateng Alloh, dados hamba ingkang bersyukur lan mugi kito saget anggayuh kabegjan wonten ing dunyo lan akhirat.

وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Nah, itulah naskah khutbah Jumat dengan menggunakan bahasa Jawa. Semoga bermanfaat. ***

Editor: Candra Kartiko Sari

Sumber: Beragam Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x