Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa dengan Tema Kunci Kebahagiaan Dunia dan Akhirat

- 25 November 2021, 19:33 WIB
Ilustrasi Sholat Jumat.
Ilustrasi Sholat Jumat. /Pixabay / Olgaozik

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).

Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken.

Sedoyo tiang gadah pengangen-angen supados anggenipun gesang ing dunya saget anggayuh ketentreman saha kabegjan ngantos wonten ing akhirat sakmangke. saking puniko kito kedah memahami kanti leres bilih ingkang dandos sumber katentreman lan kebahagian meniko mboten saking kathipun bondo donyo, mobil ingkang mewah, griyo ingkang megah, ananging sumber katentreman saha kabegjan meniko wonten ing manah saben tiyang. menawi kito gatosaken sak kelilingipun kito bade nemokaken bilih katah ingkan gadah bondo donyo melimpah ananging dewekipun mboten saget ngraosaken kabegjan , ketentreman lan kedamaian ing manahipun, keporo malah sak walikipun malah ngraosaken manah ingkang mboten tenang.

saking meniko kito kedah gatosaken manah kito supados tetep tentrem lan bahagia.

Baca Juga: Lirik Sholawat Qur’aniyah, Teks Lengkap Arab, dan Latin

Supados kita saget anggayuh gesang ingkang bahagia tentrem lan slamet donyo akhirat pramilo kedah berusaha nindakkaken amalan ingkang saget dumugekaken katentreman gesang lan kabegjan dunyo akhirat.

1. Iman Lan Amal Shaleh

Sebab ingkang paling pokok lan paling utami supados kito saget anggayuh ketentreman lan kabegjan dunyo akhirat inggih puniko kanti Iman lan nindakkaken amal shaleh ingkang sampun diprentahaken Allah saha Rasulipun.

Allah berfirman,

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ

Halaman:

Editor: Candra Kartiko Sari

Sumber: Beragam Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x