Artosipun: seneng berlebihan marang ndunyo iku pokok saking sekabehane ke’elekan
Disamping niku, zakat meniko saget menyuburkan sifat-sifat kebagusan ing ndalem manah kito sedoyo, lan ugi harta ingkang dizakati meniko mboten berkurang barang sekedik, nanging Allah SWT bakal nambahi rizki marang tiang ingkang purun mbayar zakat.
Nomer kale:
Dipirsani saking sisi sosial, kelawan zakat meniko, kito saget maringi bantuan kangge tiang-tiang faqir lan miskin.
Lan niki sampun termasuk dados kewajiban kito sedoyo. Allah SWT dawuh:
وفي أموالهم حق للسائل والمحروم (الذاريات: 19)
Artosipun: Dan pada harta-harta mereka ada hak untuk orang miskin yang meminta dan orang miskin yang tidak mendapat bagian / tidak meminta-minta.
Zakat ingkang dipun saluraken ten tiang-tiang faqir lan miskin meniko saget ndamel tiang-tiang meniko bungah menyambut Idul Fitri.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Zakat Fitrah meniko wajib dipundalaken kalian beberapa syarat-syarat
- Islam. Keranten itu Zakat Fitrah meniko mboten diwajibakan ing atase tiang non-muslim.
- Tasik gesang ing ndalem sebagian bulan Ramadlan
- Nggadahi kelebihan biaya hidup kangge awakipun piyambak lan tiang ingkang dipun nafkahi damel Hari raya Fitri dan dalunipun.
Milo soko niku, tiang faqir lan miskin meniko nggeh nggadahi kewajiban ngedaleken zakat yen kiamba’ipun tasik nggadahi kelebihan biaya hidup kangge sehari semalam dinten riyaden Fitri.