DOWNLOAD Teks Khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF Singkat dan Menyentuh Hati Terbaik Sepanjang Masa

16 April 2023, 21:05 WIB
teks khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF singkat dan menyentuh hati /pexels.com

Portal Kudus - Download teks khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF singkat dan menyentuh hati terbaik sepanjang masa

Hari Raya Idul Fitri 1444 H akan tiba sebentar lagi.

Berbagai persiapan mulai dilakukan oleh umat muslim di Indonesia.

Mulai dari menyiapkan pakaian baru, menyiapkan parcel untuk dikirim ke kerabat atau keluarga hingga persiapan sholat Idul Fitri.

Salah satu yang harus disiapkan yakni materi khutbah yang biasa dibacakan setelah shalat idul Fitri.

 

Baca Juga: TULISAN Taqabbalallahu Minna Wa Minkum dan Jawaban Sesuai Sunnah, Lengkap Doa Ucapan Selamat Idul Fitri 2023

Diawali dengan tema khutbah sederhana dan menyentuh hati, sampai ke tema yang gembira bahkan membuat sedih.

Semua menjadi warna teks khutbah Idul Fitri 2023 1444 H yang bisa dijadikan inspirasi membuat teks khutbah yang dipilih.

Berikut ini adalah contoh teks khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa yang bisa dijadikan contoh dan inspirasi.

Khutbah 1

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ كُلَّمَا هَلَّ هِلاَلٌ وَاَبْدَرَ اللهُ اَكْبَرْ كُلَّماَ صَامَ صَائِمٌ وَاَفْطَرْ اللهُ اَكْبَرْكُلَّماَ تَرَاكَمَ سَحَابٌ وَاَمْطَرْ وَكُلَّماَ نَبَتَ نَبَاتٌ وَاَزْهَرْوَكُلَّمَا اَطْعَمَ قَانِعُ اْلمُعْتَرْ.

اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَ للهِ اْلحَمْدُ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اللهُ اَكْبَرْ (3×) اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الشَّافِعُ فِى اْلمَحْشَرْ نَبِيَّ قَدْ غَفَرَ اللهُ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَمَا تَأَخَّرَ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ.

اللهُ اَكْبَرْ. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ


Kaum muslimin-muslimat ingkang dipun mulyakaken Allah azza wa jalla.

Alhamdulillah kita saget kepanggih wonten ing enjang ingkang kebak berkah menika, lan dipun kebaki rahos pasederekan ugi kekhusyukan.

Baca Juga: 12 PANTUN Ucapan Idul Fitri 2023 Bikin Baper, Cocok untuk Dibagikan Kepada Pacar Tersayang

Kita saget sami-sami angrawuhi sholat Idul Fitri saperlu ngagungaken lan nyukuri nikmat saking Allah SWT.

Pramila, mangga, wonten wekdal ingkang bahagia menika kita sami-sami ningkatakaten anggen kita taqwa dateng Allah SWT kanthi nebihi sedaya awisan-awisanipun senahoso sak menika kita boten wonten ing dalem wulan Romadlon.

Ugi kita tingkataken ketaatan nglampahi perintahperintahipun Allah kanthi rahosipun manah ingkang ikhlas.

Pakulinan sholat berjama’ah lan makmuraken masjid kanti pangibadatan wonten ingdalem wulan Romadlon mangga kita lajengaken, kita dadosaken pakulinan ingkang sahe.

Mugi-mugi Allah tansah paring kekiatan lan keistiqamahan lahir batin dumateng kita sedoyo. Aamiin Allahumma aamiin.

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyakaken Allah

Dinten riyoyo Idul fitri merupakan setunggal dinten ingkang penuh berkah ugi hikmah lan mafaat ingkang saget dipun petik kagem ningkataken kualitas pagesangan kulo lan panjenengan sedoyo.

Baca Juga: KUMPULAN UCAPAN Idul Fitri 2023 Keren dan Singkat, Cocok Untuk Ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1444 H

Salah setunggaling riwayat ingkang magayutan kalian kautaman riyoyo idul fitri inggeh meniko riwayat saking panjenenganipun sahabat Ibnu Mas’ud ra, saking kanjeng rasul Muhammad Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam ingkang paring dawuh mekaten:

اِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا اِلىَ عِيْدِكُمْ يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ: يَا مَلاَئِكَتِى كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ اُجْرَهُ اَنِّى قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ فَيُنَادِى مُنَادٌ: يَا اُمَّةَ مُحَمَّدٍ اِرْجِعُوْااِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِى صُمْتُمْ لِى وَاَفْطَرْتُمْ لِى فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ

Artosipun: “Nalikane umat nabi nglaksanakke poso romadhon nuli banjur metu kanggo sholat riyoyo, mongko Allah ta’ala paring dawuh, “Duh malaikatku, kabeh wong sing wes rampung kerjo nduweni hak nompo upah. Lan kawula-kawulaKu kang wus rampungan poso romadhon lan metu seko omah kanggo ngibadah sholat ied sakperlu nggolek ganjaran, mongko seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapuro maring kawula-kawulaKu mau. Nuli ana suwara kang undang-undang: “Duh umate kanjeng nabi Muhammad, balio maring omah siro kabeh. Temen wus den ganti kealanan siro kabeh kelawan kabecikan.Maka Allah ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, siro poso lan buko kerono Ingsun. Mongko podongadeko siro kabeh kanthi nggowo maghfiroh soko Ingsun.”

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang minulyo

Allah azza wa jalla sampun maringi kekhususan utawi keistimewaan dumateng sedoyo umat kanjeng rasul Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam kelawan wulan ramadhan utawi wulan kesabaran.

Setengah saking kekhususanipun injih meniko Allah badhe paring pangapuro dumaten tiang ingkang purun nindakaken siyam ramadhan kanthi ikhlas lillahi ta’ala.

Allah njanjekaken badhe ngumbah sedoyo dosa kulo lan panjenengan sedoyo kanthi toyo maghfiroh.

Baca Juga: 25 CONTOH POSTER Idul Fitri 2023 CDR PNG PSD Terbaru, Cocok Untuk Desain Spanduk dan Banner Idul Fitri 1444 H

Nuli Allah paring rizki awujud resikipun manah lan kanthi ngedalaken raos bungah wonten ing dinten riyoyo idul fitri.

Wonten ing kitab al-Ittihaf dipun jelasaken bilih setuhune dino idul fitri iku dino kumpule kawulane Allah ingkang podo iman.

Lan iku dadi isyarah maring akehe kawulane Allah kang podo oleh maghfirah. Dipun jelasaken ugi bilih dinten riyadin dipun wastani idul fitri keranten wonten ing dinten meniko Allah sampun maringi fadholdumateng sedoyo kawulo mukmin bi fadhlil maufurutawi kelawan kautamaan ingkang sampurno.

Keranten meniko monggo sesarengan, sedoyo nikmat ingkang sampun kito tampi wonten dinten riyadin meniko, monggo tansah kito syukuri kanthi ngathahaken takbir lan tahmid kados dawuhipun kanjeng rasul (Zayyinu A’yadakum bit Takbiir). “Podo paesono riyoyo idul fitrimu kanthi ngekehake takbir, ngegungake Allah ta’ala.”

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyakaken Allah

Maghfiroh ingkang sampun kito tampi dereng saget sampurno menawi kito dereng paring pangapunten dumateng sesami kito.

Sebab, maghfiroh saking Allah merupakan pembelajaran dateng tiyang mukmin supados ugi paring pangapunten dumateng mukmin lintunipun.

Menawi Allah meniko Dzat ingkang moho paring pangapunten, sampun sak mestinipun menawi kito ugi saget paring pangapunten dateng sedereksederek kito sesami ummat Muslim.

Baca Juga: 19 UCAPAN Selamat Hari Raya Idul Fitri 2023 Bahasa Inggris dan Artinya, Cocok Dibagikan di Media Sosial

Paring pangapunten berarti ugi paring kalonggaran utawi kalodhangan dateng sinten kemawon ingkang mbetahaken bantuan saking kito.

Kanthi paring pambiyantu dateng tiyang sanes ingkang mbetahaken bantuan, berarti ugi kito paring bantuan dateng badan kito piyambak.

Kados ingkang sampun dipun ngendikaaken dening Rasulullah SAW:

من نفس عن مؤمن كربة من كرب الدنيا ، نفس الله عنه كربة من كرب يوم القيامة ، ومن يسّر على معسر ، يسّر الله عليه في الدنيا والآخرة

Sopo wonge paring bantuan marang wong mukmin ngentasake kesusahane ing ngalam dunyo, mongko Allah bakal ngentaske deweke seko kangelane wong mau ing dino kiyamat.

Lan sopo wonge ngenthengake kerupekane wong liyo, mongko Alloh ugo bakal ngenthengake urusane deweke ing dunyo lan akhirat.

Dhawuhipun Rasululloh menika negesaken dateng kito sedoyo, bilih sampun sak mestinipun antawisipun sesami tiyang Islam kedah saling dukung mendukung, lan saling bantu membantu ingdalem babakan kesahenan.

Sahe meniko masalah ingkang magayutan kalian urusan dunyo ugi ingkang magayutan kaliyan urusan akhirat.

Sebab, mbenjang wonten ing dinten kiyamat gusti Alloh bade paring batuan namung dateng kawulanipun ingkang purun naati perintahipun selami gesang wonten ing donya lan purun paring kesaenan dumateng sesami.

Baca Juga: KUMPULAN Ucapan Idul Fitri 2023 Bahasa Arab dan Artinya, Cocok Untuk Status di Media Sosial

Saling paring pangapunten ugi saling tulung tinulung meniko sifat aslinipun manungso, sebab manungso puniko makhluk sosial.

Ananing keranten syetan lan nafsu ingkang dadosaken sifat dasar manungso kolowahu sering boten saget dipun lampahi.

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyakaken Allah

Menawi kito sampun paring pangapunten, tentu badhe krahos bangunan kekiatan umat Islam ingkang kiat.

Menawi kito sampun paring pangapunten dateng sederek kito setunggal kemawon, badhe thukul raos welas asih.

Mekatenlah printahipun Allah SWT dateng umat Islam. Yakni sayogyanipun umat Islam meniko saget dados setunggaling bangunan ingkang kokoh kiat.

Pasederekanipun sesami umat Islam meniko lir kados badan setunggal, menawi setunggalipun anggota badan wonten ingkang sakit, sedoyo badhe nderek ngrahosaken sakit.

Selajengipun, Allah lan Rasulipun ugi merintahaken dateng kito, supados kito nutupi aibipun utawi kekiranganipun sederek-sederek kito.

Menawi kito nutupi dateng awonipun utawi aibipun sesami, benjang wonten ing dinten kiyamat Allah badhe nutupi aib kito ateges gusti Allah bade paring pangapunten.

ومن ستر مسلماً ستره الله في الدنيا والآخرة، والله في عون العبد ما كان العبد في عون أخيه

Sopo wonge nutupi aibe utawa cacate kancane muslim, mongko Alloh bakal nutupi aibipun wong mau ing dunyo lan akhirot.

Saktemene Alloh bakal nglindungi kawulane, selami kawula kolowahu ing dalem lindunganipun sederekipun.

Baca Juga: ARTI Ucapan Minal Aidin Wal Faizin Sebenarnya, Bukan Mohon Maaf Lahir dan Batin, Ternyata Ini Artinya

Mugi-mugi Alloh azza wa jalla tansah ndadosaken kito umat ingkang BERJAYA ing dunyo ugi ing akhirot.

Mugi-mugi Alloh manggihaken dateng kito benjang wonten akhirot ing dalem suasono ingkang kebak pasederekan ingkang ngremenaken lan mugi kito kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang bekjo pikantuk rohmat lan nikmatipun Allah SWT.

Akhiripun, Sugeng Riyadin Idul Fitri, 1 syawal 1443 H, Taqabbalallahu minna wa minkum shiyamana wa shiyamakum, kullu ‘amin wa antum bi khair, ja’alanallahu wa iyyakum
minal ‘aidin wal faizin. Aamiin ya rabbal ‘alamin.


بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، وأستغفر الله العظيم الجليل لي ولكم ولسائر المسلمين من كل ذنب، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

Khutbah 2

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ.
الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ اْلأَعْيَادَ بِالأَفْرَاحِ وَالسُّرُوْرِ وَضَاعَفَ لِلْمُتَّقِيْنَ جَزِيْلَ اْلأُجُوْرِ، فَسُبْحَانَ مَنْ حَرَّمَ صَوْمَهُ وَأَوْجَبَ فِطْرَهُ وَحَذَّرَ فِيْهِ مِنَ الْغُرُوْرِ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى فَهُوَ أَحَقُّ مَحْمُوْدٍ وَأَجَلُّ مَشْكُوْرِ.

أَشْهَدُ أَنَّ لآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً يَشْرَحُ اللهُ لَهَا لَنَا الصُّدُوْرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِىْ أَقَامَ مَنَارَ اْلإِسْلاَمِ بَعْدَ الدُّثُوْرِ.

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا دَائِمَيْنِ مُتَلاَزِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْبَعْثِ وَالنُّشُوْرِ. أَمَّابَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ. فَأَكْثِرُوْا مِنَ الصَّلاَةِ عَلَى النَّبِىِّ الْكَرِيْمِ. وَقَالَ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ؛ إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِىِّ يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تسْلِيْمًا.

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى أٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأْ َمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللّٰهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَنَا أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُبْتَدِعَةَ وَالْمَشْرِكِيْنَ، وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اللّٰهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ الظَّالِمِيْنَ وَاكْفِنَا شَرَّ الْحَاسِدِيْنَ. وَاكْفِنَا شَرَّ مَنْ يُؤْذِيْنَا وَأَهْلِكْ مَنْ أَرَادَنَا بِالسُّوْءِ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَِلإِِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَتَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ.

اللهُ أَكْبَرُ، عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Untuk download teks khutbah di atas, silahkan klik link di bawah ini.

KLIK DISINI.***

Editor: Azkaa Najmuts Tsaqib

Tags

Terkini

Terpopuler