2023! Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Acara Syawalan Idul Fitri 2023, Naskah Teks Pidato Ikrar

- 17 April 2023, 10:32 WIB
contoh teks Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk acara Syawalan Idul Fitri 1444 H.
contoh teks Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk acara Syawalan Idul Fitri 1444 H. /pexels/keira burton

Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idulfitri 1444 H/2023 punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum.

Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal ibadah lan amal kesaenan kita ing wulan Ramadan.

Ting kasempatan niki, kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula.

Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya.

Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya.
Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten ikrar Syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama.

Wabilahittaufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

2. Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 2023

Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.

Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idulfitri 1444 H punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan.

Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula.

Halaman:

Editor: Al Mahfud


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x